Wes ora usah sambat
Kudu trus njogo semangat
Rausah kabotan pikir timbangane dadi kenthir
Pasrah sing Kuoso, rausah kuwatir
Urip mung mampir ngombe
Penting kudu nyambut gawe
Ndedonga lan ngibadahe ojo nganti ditinggalke
Percoyo o Gusti mboten sare
Kabeh manungso mesthi oleh pacoba
Rapareng nggresulo kudu nerimo
Senajan pait, nganti pengin njerit
Koyo koyo uwes kejepit
Pait e urip uwes tak rasake
Getire ati wes kulino nglakoni
Amergo aku iki sejatine mung wayang
Dudu dhalang