Dolirik

Lirik lagu Eny Sagita - Becik Ketitik Olo Ketoro

Lirik lagu Eny Sagita - Becik Ketitik Olo Ketoro

Ojo nganti siro gampang
Ngurusi urusan tonggo
Ojo nganti siro salah
Ngucapne omongan siro

Ojo nganti gawe gelo
Marang atine wong liyo
Ora mesti bener omongan siro

Urip ning ndunyo paribasane
Yo mung mampir ngombe
Kudu iso milah-milah
Barang sing endi digawe

Ojo sokor milih barang
Banjur digathukake
Ora ngerti salah opo benere

Becik ketitik olo ketoro
Paribasane jarene wong tuwo
Mulo konco ojo amung gawe duso
Mugi pengeran paring pangapuro

Elingo, tobato
Elingo, tobato

Urip ning ndunyo paribasane
Yo mung mampir ngombe
Kudu iso milah-milah
Barang sing endi digawe

Ojo sokor milih barang
Banjur digathukake
Ora ngerti salah opo benere