Dolirik

Lirik Lagu Farel Prayoga - Lewung

Lirik Lagu Farel Prayoga - Lewung

Dadi lewung atiku
Nalikane sepisan ketemu
Wong bagus dadi laku
Nggodho ati rinten siang dalu

Kinurban jiwo rogo
Ngundang roso tumetesing kalbu
Lir nguyahi segoro
Datan biso ngluluhke atimu

Suwe nggonku ngenteni
Lewung ing ati gak entuk jampi
Dadio ati nyawiji
Senadyan abot tak lakoni

Sabdo pandhito ratu
Mring sliramu dadio sisihanku
Mugi Gusti nglilani
Tresnaku bakal ginowo mati