Lirik Lagu Abah Lala - Loro Widodo

Abah Lala - Loro Widodo :

Rungokno kanggo kowe anak-anakku
Welinge bapak lan ibumu
Ra ono wong tuo sing mblusukke anake
Ojo nganti anak salah dalane

Ojo pisan gawe gelane wong tuo
Ra entuk dungo bakal rekoso
Tak gadang-gadang opo kowe ra kelingan
Terusno kabeh perjuangan

Cukup aku sing ngrasakke loro rekasane
Mugo kowe mbesuk nemu penake
Panyuwunku dadi tombo lorone widodo
Biso gawe ayeme keluargo

Aku ning kene mung biso ndonga’akke
Dadio wong sing ono gunane
Tumrap wong urip sak kabehe
Mugo dadio berkah sak teruse