Lirik Lagu Abah Lala - Kangen Kelingan (Ki Seno Nugroho)

Abah Lala - Kangen Kelingan (Ki Seno Nugroho) :

V1
Maturnuwun  kang tompo pepindan
kagem sedoyo wejangan panjenengan 
Awit lekas nganti tancep kayon
Lakon maton di sambi guyon

V2
Mergo sampeyan kulo ngertos 
Crito wayang damel tuntunaning gesan
Dudu sanak dudu kadang
Yen ilang melu kelangan

V3
Ora ngiro ora nyono
Larasing gending sing dadi pepeling
Sworo waranggono giyaking poro wiyogo
Mung kelingan sluluk lan pocapane

Reff
Bakal kangen kelingan swarane bagong
Galake Bolodewo gede sworo werkudoro 
Bakal kangen kelingan begawan Durno
Ndugale Ontoseno perang gugur Gatot Koco
Bakal keliangan kayangan Suroloyo
Dawuhe bethoro guru yen bener ayo di tiru
Bakal kangen kelingan Semare bo dronoyo 
Wekase dewo Narodo Hanoman kendali sodo

Aku mung biso dedungo kagem ki seno nugroho 
pinaringan swargo langgeng

Amin, Amin ya Allah ya Allah Robbalalamin 
Amin, Amin ya Allah ya Allah Robbalalamin 

Related Posts :